Langsung ke konten utama

DITULUNG MALAH MENTHUNG.

DITULUNG MALAH MENTHUNG. 
Postingan entheng wae babagan kawruh boso jowo,  sing akeh banget ngemu suroso.

Iki mung ngudoroso babagan pengalaman urip ning pasrawungan ning alam rame.  Gandheng manungso kui  dititahake kalebu makhluk sosial,  sing ora bisa urip ijen, lan kudu urip bebarengan, mulo mestine kudu duwe watak tulung tinulung utowo gotong royong.  

Tetulung marang wong liyo kang nandang kesusahan kuwi pancen nyenengake.  Umpomone nulungi  uwong sing lagi keno musibah, koyoto kecelakaan lalu lintas,  omah kobong, lagi nandhang loro lan liyo liyane.  Luwih seneng maneh maneh upomo sing ditulungi mau duwe roso panrimo terus gelem ngucap matur nuwun amorgo wis ditulungi, rasane mak plong.

Nanging yo ugo ono wong kang mentas ditulungi ora ngucapke maturnuwun,  malah kosok balene.  Malah ora maturnuwun ning malah gawe pitenah marang wong kang nulungi,  keporo malah ora gelem nulung bali marang wong kang pernah nulungi.  Ono parinasane nulungi asu kejepit.  Bareng wis ucul asu mau malah nyokot karo sing nulungi.  Kuwi jenenge DITULUNG MALAH MENTHUNG.  

Manungso iku kudune duweni roso panrimo sing dhuwur,  roso syukur marang Gusti Allah kang kuwoso,  aweh gelem tetulung marang sapodho podho,  eling urip ning ndonya iki kudu migunani tumraping liyan.  

Sugeng enjing, lan sugeng makaryo, ampun kesupen tansah syukur, mugi tansah sehat. Amin.

Sabtu,  25 Desember 2021

Komentar