DITULUNG MALAH MENTHUNG. Postingan entheng wae babagan kawruh boso jowo, sing akeh banget ngemu suroso. Iki mung ngudoroso babagan pengalaman urip ning pasrawungan ning alam rame. Gandheng manungso kui dititahake kalebu makhluk sosial, sing ora bisa urip ijen, lan kudu urip bebarengan, mulo mestine kudu duwe watak tulung tinulung utowo gotong royong. Tetulung marang wong liyo kang nandang kesusahan kuwi pancen nyenengake. Umpomone nulungi uwong sing lagi keno musibah, koyoto kecelakaan lalu lintas, omah kobong, lagi nandhang loro lan liyo liyane. Luwih seneng maneh maneh upomo sing ditulungi mau duwe roso panrimo terus gelem ngucap matur nuwun amorgo wis ditulungi, rasane mak plong. Nanging yo ugo ono wong kang mentas ditulungi ora ngucapke maturnuwun, malah kosok balene. Malah ora maturnuwun ning malah gawe pitenah marang wong kang nulungi, keporo malah ora gelem nulung bali marang wong kang...